Jumat, 22 Oktober 2010

Wekdal Panjenengan Kirang 5 Menit

Dening : Muhammad Isnaeni*


اَلْحَمْدُ ِللهِ وَالشُّكْرُ ِللهِ وَلاَحَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى رَسُولِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ وَمَنْ تَبِعَهُ بِاءِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَاللهِ اُوْصِى بِنَفْسِى وَاِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُونَ











Ma’asyirol Muslimin wa Zumrotal Mukminin Rahimakumullah



Pinangka Khatib, kaparengna kula ngajak dhumateng pribadhi kula piyambak, saha ngaturi pepemut dhumateng para jama’ah sedaya, sumangga tansah asring emut lan tansah nambahi ketakwaan dhumateng Allah. Awit inggih namung kanthi tansah emut lan takwa kemawon, kula lan panjenengan sedaya, saget nyenyuwun mugi-mugi kapajehaken kanthi tetep ngrasuk agami Islam. Lan mugi-mugi Allah tansah paring pinayungan dhateng gesang lan panggesangan kula lan panjenengan sedaya.



Awit sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah. Namung dhumateng Panjenenganipun (Allah) kula lan panjenengan sedaya manembah lan nyuwun pitulungan. Sok sintena kemawon ingkang kaparingan pitedah dening Allah, mangka mboten badhe wonten ingkang nyesataken.



Allah sampun paring pangandika wonten Q.S An-Nahl ayat 18 :




“Lan menawa sira padha ngetung nikmat-nikmate Allah, mangka sira mesthi ora bakal bisa ngetung. Satemene Allah iku Maha Paring Ampunan lan Maha Welas Asih.”







Saking kathahipun nikmat ingkang sampun katampi, kadangkala kula lan panjenengan sedaya dados supe, bilih ingkang karaosaken menika sejatosipun nikmat peperingipun. Saking kulinanipun sehat, supe menawi sehat menika nikmat saking peperingipun Allah. Saking kulinanipun kagungan arta, supe menawi menika ugi peparingipun Allah. Malah kepara kula lan panjenengan sedaya supe, menawi gesang wonten ing alam donya wonten watesipun. Awit maut utawi pejah menika pepesthi ingkang mesthi dumugi.







Ma’ayirol Muslimin ingkang winengku ing berkahing Allah



Nalika wonten tiyang ingkang nembe hamicara, asring pambiwara ngaturi pepemut bilih wekdalipun hanggen wawan pangandikan namung kentun 5 (gangsal) menit. “Nuwun sewu utawi nyuwun pangapunten, wekdalipun kirang 5 menit.”



Kathah-kathahipun priyantun ingkang nembe hamicara menawi pikantuk peringatan kados makaten rade kaget, rumaos menawi tasih kathah bab-bab ingkang baku ingkang dereng ka-aturaken. Ananging menawi ingkang hamicara menika priyantun ingkang wasis lan sampun pengalaman, nalika pikantuk peringatan “wekdal panjenengan kirang 5 menit” mesti mboten badhe kaget, awit sedaya ide lan gagasanipun sampun kathah ingkang sampun ka-aturaken.



Wonten ing suroh Al Insyiroh (Alam Nasyroh) Allah sampun paring pepiling dhumateng kula lan panjenengan sedaya supados mboten leha-leha utawi santai-santai. 2 (kalih) ayat ing pungkasaning suroh menika, Allah paring dhawuh :






“Mula menawa sira wus rampung (saka salah sawijining urusan), banjur padha rampungna urusan liyane. Lan namung dhumateng Allah wae, sira padha nyenyuwun.”







Nalika nglampahi gesang menika, asring kula lan panjenengan sedaya supe bilih wekdal ing alam donya menika winates. Awit jatah umur kula lan panjenengan sedaya ing alam donya menika sampun dipun-watesi kalian maut, kados dene jatahipun tiyang ingkang nembe hamicara kalawau. Rampung utawi mboten gagasan ingkang ka-aturaken, menawi wekdalipun sampun telas, pramila tiyang ingkang hamicara menika kedah enggal mungkasi. Sami kalian gesang kula lan panjenengan, menawi maut sampun dumugi, sampun kathah menapa dereng amalipun, mboten saget dipun-dadosaken alesan.







Para jama’ah ingkang winantu ing kawilujengan



Mboh bilih kathah ingkang ngalami nasib kados dene tiyang ingkang hamicara kalawau, ingkang kaget nalika pikantuk peringatan saking pambiwara. Kathah ingkang nembe sadar nalika wekdalipun sampun kasep. Ngertos-ngertos kedah enggal milih perguruan tinggi awit sampun lulus SMA. Ngertos-ngertos enggal kedah pados pandamelan awit wekdalipun kuliah sampun badhe telas. Mangka tasih kathah mata kuliah ingkang kedah dipun-wangsuli awit bijinipun mepet lan materi skripsi ugi dereng jangkep. Ngertos-ngertos sampun umur 30 tahun, mangka dereng kagungan pandamelan. Ngertos-ngertos sampun 40 tahun, mangka dereng kagungan garwa. Ngertos-ngertos umur sampun 60 tahun, mangka tasih remen nindakaken maksiyat.



Temtu kemawon, menawi sampun kasep mesti mboten sekeca karaosaken. Raosipun sarwa kemrungsung, awit sedaya kedah enggal kapungkasi. Pramila, menawi kula lan panjenengan sedaya kersa ngrumaosi lan ngetung amal ingkang sampun katindakaken saben dintenipun, insya Allah kula lan panjenengan sedaya mboten badhe kaget lan getun; nalika ngilo, jebul rikma sampun kathah ingkang pethak.







Para jama’ah ingkang winantu ing karahayon



Sinaosa umur kula lan panjenengan tasih timur, mboten patut menawi namung dipun-ginakaken sinambi geguyonan, lan mboten patut menawi bab-bab ingkang kirang baken katindakaken. Awit kula lan panjenengan sedaya mboten mangertos, benjang menapa maut badhe dumugi.



Kesempatan gesang kula lan panjenengan sedaya menika winates. Saben dinten kula lan panjenengan sedaya saget nyekseni datengipun wekdal ‘ashar. Nalika wekdal ‘ashar sampun manjing, wekdal produktif ing wanci siang sampun badhe telas, awit srengngenge sampun badhe angslup alias wekdalipun sampun badhe maghrib. Getun utawi mboten, gumantung kalian prestasi ingkang sampun kula lan panjenengan tindakaken.



Ingkang paling sae, sumangga sami ngekhlasaken wekdal-wekdal ingkang sampun kalampahan. Awit mboten saget dipun-tututi malih. Menawi tasih kathah ingkang dereng sempurna, wiwit dinten menika sumangga enggal katebus.



Ing wasana, sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah dedonga, mugi-mugi Allah kepareng paring nalar ingkang jernih saha manah ingkang tansah kabimbing dhumateng tumindak kesaenan. Satemah kula lan panjenengan sedaya mboten dados tiyang ingkang rugi, ingkang kapeksa kedah nggetuni wekdal ingkang sampun kalampahan.







بَارَكَ الله ُلِى وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَذِكْرِاْلحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ الله ُمِنَا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمِ

* Staf Sie Urais Kankemenag Kab. Boyolali

0 komentar:

Posting Komentar

tes

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More