Selasa, 19 Oktober 2010

IKHITIAR DAN TAWAKAL

Oleh : Muhammad Isnaeni

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى اَنْزَلَ هَذَا اْلاِسْلاَمَ دِيْنًا وَنِظَامًا, يَهْدِى بِهِ النَّاسَ صِرَاطًا مُسْتَقِيْمًا. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله ُوَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَكَانَ عَزِيْزًا حَكِيْمًا. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَرْسَلَهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ اُوصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُونَ. وَقَالَ تَعَالَى فِى الْقُرْاَنِ الْعَظِيْمِ :مَثَلُ الَّذِيْنَ يُنْفِقُونَ اَمْوَالَهُمْ فِى سَبِيْلِ اللهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ اَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِى كُلِّّ سُنْبُلَةٍ مِائَةُ حَبَّةٍ وَاللهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ وَاللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ

Ma’asyirol Muslimin Rahimakumullah,

Allah SWT telah berfirman dalam Q.s Hud ayat 123 :




”Lan namung kagungane Allah apa kang ghaib ing langit lan bumi. Lan namung dhumateng Panjenengane (Allah) baline kabeh urusan. Mula padha nyembah-o lan padha tawakal-o. Satemene Allah iku Maha Pirsa maerang apa wae kang padha kok tindakke.”

Tawakal inggih menika masrahaken sedaya keputusan namung dhumateng Allah lan ndadosaken manah namung tansah pasrah dhumateng Panjenenganipun. Saben-saben muslim namung dipunkeparengaken tawakal dhumateng Allah kemawon. Saben-saben tiyang ingkang iman, kedah ngrumaosi bilih sedaya panggesangan, sedaya manfaat lan sedaya madharat namung wonten ing pamurbaning Allah. Kanthi menika, sedaya tiyang ingkang iman, mesthi masrahaken samudayanipun dhumateng Allah lan badhe ridha dhumateng sedaya kersanipun Allah.

Saben-saben tiyang ingkang iman, manahipun tansah ayem lan tentrem saha mboten badhe ajrih ngadhepi masa depan, awit sampun yakin dhumateng adil lan rohmatipun Allah SWT. Pramila Islam netepaken bilih iman kedah dipunkintuni kaliyan sikap tawakal.




“lan namung dhumateng Allah sira kabeh pada tawakal, menawa sira temen-temen wong kang padha iman.”




”(Inggih namung) Allah, (lan) ora ana sesembahan kajaba namung Panjenengane. Mula, hei kaum mukminin, padha tawakal-o marang Allah wae."



Jama’ah sidang jum’ah rahimakumullah

Tawakal kedah dipun wiwiti kanthi kerja keras lan usaha ingkang maksimal. Mboten kasebat tawakal, menawi kula lan panjenengan sedaya namung pasrah kaliyan nasib kanthi namung berpangku tangan mboten nindakaken menapa-menapa. Sikap pasrah ingkang kados makaten menika sanes hakikatipun tawakal.

Nalika jamanipun Imam Ahmad bin Hambal nate kedadosan, wonten priyantun ingkang klentu hanggenipun negesi sikap tawakal. Wonten ingkang males nyambut damel lan masa bodoh. Nalika dipundangu, piyambakipun matur :

“Kula sampu nate maos haditsipun Rosulullah, ”Menawa sira padha tawakal marang Allah, mangka Allah bakal maringi rizki kanggo sira. Kaya dene Allah maringi pangan marang manuk; manuk iku nalika lunga isih luwe, lan nailka bali dadi wareg.” Pramila kula sampun tawakal dhumateng Dzat ingkang paring rizki dhumateng peksi kala wau.” Mirengaken alesanipun priyantun kala wau, Imam Ahmad lajeng ngendika : ”Sliramu durung ngerti apa tegese hadits kuwi mau. Saktemene Rosulullah wis maringi piwulang, yaiku teka lungane manuk kuwi mau merga nggolek rizkine Allah. Menawa manuk kuwi mau tetep lungguh ana ing susuhe, mesti ora bakal rizkine teka, ora bakal ngalami wareg.”

Kesalahpahaman hanggenipun negesi makna tawakal, ugi nate kedadosan nalika jamanipun Rasulullah SAW. Nate wonten priyantun Badui ngewer (membiarkan) unta-nipun mboten dipuncencang, awit miturut piyambakipun menika cerminan sikap tawakal. Pramila Rasulullah paring dhawuh : ”Cencangen untamu, banjur tawakalo.” (HR. Tirmidzi, Ibnu Khuzaimah lan Thabrani)

Islam paring dhawuh dhumateng sedaya ummatipun supados nderek sunnatullah, mliginipun babagan hukum sebab-akibat. Sahengga usaha keras kedah tansah katindakaken. Wonten ing Al Qur’an Surat An-Nisa’ ayat 102, kula lan panjenengan sedaya sampun mengertos, bilih wonten ing kahanan perang kemawon, sinaosa nembe nindakaken sholat, kaum muslimin mboten dipunkeparengaken nilaraken gaman utawi senjata.”

Sanesipun usaha keras, Rosulullah SAW ugi paring piwucal bilih kula lan panjenengan sedaya kedah nindakaken upaya preventif/pencegahan kangge ngawekani bahaya kebakaran lan penyakit. Nabi ngendika ; ”Patenana lampu-lampu sakdurunge kowe padha turu. Tutupen tandhon-tandhon banyu lan wadhah panganan.”



Jama’ah sidang jum’ah rahimakumullah

Sanajan kula lan panjenengan sedaya kawajibaken nderek sunnatullah, kanthi cara nindakaken ikhtiar sakderengipun tawakal, ananging kula lan panjenengan sedaya, ugi mboten dipunkeparengaken tawakal dhumateng ikhtiar. Tegesipun, kula lan panjenengan sedaya mboten dipun-keparengaken namung njagakke dhumateng ikhtiar utawi usaha ingkang sampun katindakaken.

Sinau, pancen sebabipun kula lan panjenengan pikantuk ilmu. Ngunjuk obat, pancen sebabipun kula lan panjenengan dados sehat. Ananging prelu dados kawigatosan tumprap kula lan panjenengan sedaya, bilih mboten namung sebab kemawon ingkang saget nuwuhaken akibat. Awit kadangkala, wonten sebab ingkang mboten nuwuhaken akibat. Kados dene wontenipun 2 (kalih) pasien ing rumah sakit, ingkang penyakitipun sami, obatipun sami, dokteripun ugi sami, ananging ingkang setunggal saget dados saras utawi gesang, ingkang setunggal malah pejah. Para kadang tani, hanggenipun ngolah sabim-ipun sampun maksimal, sampun ngginakaken alat-alat ingkang modern, bibit ingkang dipun-sebar inggih bibit ingkang unggul lan rabukipun ugi ampuh. Ananging sinaosa mangsanipun rendheng, jawah malah mboten wonten, ama wereng malah samsaya kathah, tundhonipun para kadang tani kathah ingkang gagal panen.



Para jama’ah ingkang winantu ing rahmatipun Allah SWT.

Sinaosa mboten namung ”sebab” kemawon ingkang saget nuwuhaken ”akibat”, ananging ”sebab” mboten saget dipun-tilar. Awit Islam sampun paring dhawuh dhumateng kawulanipun, supados tansah ngginakaken akal (penggalihipun), kanthi ngupadi wontenipun ’sebab” lajeng masraheken kasilipun dhumateng Allah. Awit usaha tanpa wontenipun pitulungan saking Allah, saget kemawon muspra menawi Allah mboten ngeparengaken.

Kanthi menika, saben-saben tiyang muslim, mboten dipun-keparengaken namung ikhtiar kemawon tanpa masrahaken ikhtiar kalawau kalian Allah, awit sikap ingkang kados makaten, saget ndadosaken kula lan panjenengan sedaya sombong, nggumedhe, sok keminter, sok kewanen lan sanes-sanesipun.




”Satemene Allah wus paring pitulung marang sira kabeh (hai kaum mukminin) ing palagan peperangan nalika perang Hunain. Yaiku nalika sira padha gemblung merga saking akehe prajuritmu. Mangka akehe prajurit iku ora bisa nuwuhake manfaat kanggo sira lan bumi kang jembar iku dadi sumpek/ciut, banjur kowe padha mlayu mundur ninggalake glanggang peperangan.”



Q.S At-Taubah ayat 25 ing ngajeng saget kapendhet dudutanipun, inggih menika nalika perang Hunain, kaum muslimin sami congkak/sombong awit kathahipun bala tentaranipun. Ananing kaum muslimin malah kawon, awit namung ngandhalaken ikhtiar kemawon tanpa nyenyuwun pitulungan dhumateng Allah.



Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Ing pungkasaning khutbah jum'ah siang punika, saget kapendhet dudutan, inggih menika, ikhtiar menika wajib lan tawakal menika ugi wajib. Ananging tawakal dhateng ikhtiar menika dipun-larang keras. Menika supados wonten bentenipun tiyang ingkang muslim kaliyan tiyang ingkang kafir. Tiyang muslim lan kafir pancen sami-sami nindakaken ikhtiar, ananging tiyang muslim sasampunipun ikhtiar lajeng sami tawakal dhumateng Allah, dene tiyang kafir namung tawakal dhateng ikhtiar kemawon.

Makaten, mugi-mugi saget handadosna piwucal lan pangertosan tumprap kula lan panjenengan sedaya.



بَارَكَ الله ُلِى وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَذِكْرِاْلحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ الله ُمِنَا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمِ

0 komentar:

Posting Komentar

tes

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More