Minggu, 21 November 2010

SYUKUR MENIKA TANPA SAMBAT LAN NGGRUNDEL

Dening : Muhammad Isnaeni



اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ غَافِرِالذَّنْبِ وَقَابِلِ ِلتَّوْبَةِ وَشَدِيْدِالعِقَابِ ذِى الطَّوْلِ، لاَ إِلَهَ إِلاَّهُوَإِلَيْهِ الْمَصِيْرُ.

أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّاللّٰهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهْ، بِيَدِهِ التَّوْفِيْقُ وَلْهِدَايَةُ. وَأَشْهَدُاَنَّ مُحَمَّدًَ عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهْ

اللّٰهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍِ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّبِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍِ إِلَى يَوْمِ ِلْقِيَامَةِ.

اَمَّابَعْدُ، فَيَا عِبَادَاللّٰهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّوَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jama'ah Sholat 'Id yang Dirahmati Allah

Sedaya pangalembana namung kagunganipun Allah. Maha Suci Allah ing wekdal enjing lan sonten. Maha Suci Allah ing Maha Wilasa lan Kawasa, ingkang paring pangapunten dhateng sadaya dosa. Namung dhumateng Panjenenganipun, kula lan panjenengan sedaya ngaturaken panuwun lan nyuwun pitulungan.

Kula hanyekseni bilih mboten wonten Pengeran ingkang pantes kasembah kajawi namung Allah. Sholawat lan salam mugia katur dhumateng Rosulullah Muhammad SAW, dhumateng sedaya keluwarganipun lan para shohabatipun.



Kaum Muslimin Rahimakumullah

Wonten ing wanci siang punika, kula lan panjenengan sedaya kedah langkung kathah hanggenipun ngaturaken panuwun tuwin syukur dhumateng Allah. Awit sedaya rohmat lan kanugrahanipun sampun ka-luber-aken dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Kula lan panjengan sedaya saget ngraosaken saha mirsani, bilih ing wekdal punika, kathah sanget priyantun-priyantun ingkang mboten kersa ndhadha dhumateng nikmatipun Allah. Adatipun, senesipun mboten kersa ndhadha (ngakoni), priyantun kathah kala wau kenyih (sambat/nggrundel), alias "terlalu banyak mengeluh dan menggerutu". Malah kepara, hanggenipun sambat/nggrundel kalawau samsaya dangu samsaya kathah lan sora.

Ingkang miskin ngeluh/sambat/nggrundel awit mboten nggadhahi arta. Ingkang sugeh sambat awit angelipun nagih utang. Ingkang tuna/rugi sambat modalipun suda mangka menika utang saking bank. Kepara ingkang bathi kemawon ugi sambat, awit bathi-nipun tasih karaosaken kirang. Ingkang kakung ngeluh awit angelipun pados arta, dene ingkang estri sambat/ngeluh awit arta saking kakungipun kangge blanja mesthi kirang. Guru sambat/ngeluh awit arta sertifikasi mboten enggal kaparingaken. Murid sambat awit angelipun nggarap pendadaran (ulangan). Ingkang dagang ngeluh awit kathah ingkang ngutang. Dokter ngeluh awit pasien-ipun dados kirang. Pasien sambat awit awit awisipun nebus rumah sakit lan obat-obatan. Malah kepara kathah sanget masyarakat ingkang sambat, anggota DPR sambat, pejabat lan mantan pejabat sambat. Pramila ngantos mboten saget ka-etang sepinten kathah-ipun ingkang sambat.



Para Jama'ah rahimakumullah

Priyantun-priyantun kalawau mboten rumaos, bilih naliko sambat utawi nggrundel kalawau, suku lan astanipun tasih saget kaginakaken kanthi normal, mboten kobong amargi wedhus gembel mbledhosing gunung Merapi. Sedaya kulawarganipun tasih wetah lan komplit, mboten wonten ingkang kerem ing laut amargi gelombang tsunami ing Mentawai Sumatera Barat. Priyantun kalawau mboten rumaos, bilih nalika sambat/ngeluh kalawau, netranipun tasih saget kaginakaken kangge mirsani endahing donya, awit mboten pikantuk dampak abu vulkanik Gunung Merapi. Priyantun kalawau ugi mboten rumaos, bilih nalika sambat, nembe kemawon dhahar eca lan sekeca, mboten kados para pengungsi ing Mentawai Sumatera Barat lan sak-ngandhap-ipun Gunung Merapi.



Para Jama'ah Rahimakumullah

Kenging menapa kok sambat? Mangka menawi kula lan panjenengan kersa mirsani, wiwit dusun ngantos kitha, sampun kathah wewangunan-wewangunan ingkang sae lan endah. Sepeda motor merk menapa kemawon wira-wiri ing ratan. Mobil-mobil alus lan kempling sami nggremet ing pundi kemawon. Stasiun TV lan Pemancar Radio swasta tuwuh ing saben-saben kitha. Listrik sampun mlebet ing dusun-dusun.

Saben-saben griya mesthi kagungan TV, kepara malah mboten namung setunggal. Menapa malih ingkang naminipun HP, wiwit tukang becak, bakul bakso, tukang ngarit ngantos pegawai lan pejabat, sedaya kagungan HP. Ananging, kenging menapa kok tasih sambat? Kados-kados gesang kula lan panjenengan sedaya menika sarwa angel. Kados-kados nembe kemawon kebledhosan Gunung Merapi lan ombyaking tsunami. Kados-kados sampun mboten wonten malih nikmatipun Allah ingkang tasih saget dipun-syukuri.



Para Sedherak, Rahimakumullah

Sejatosipun, menawi kersa menggalih, bilih sedaya punapa ingkang kula lan panjenengan sedaya tampi lan raosaken siang punika, sejatosipun nikmat lan rohmat saking Allah. Nikmatipun Allah menika ageng lan kathah sanget. Kula lan panjenengan sedaya hanggenipun mendhet sarwa kontan, tanpa kedah mbayar.



"Lan (elinga) nalika Pangeranmu paring dhawuh, "Satemene menawa sira gelem syukur, mesthi Aku bakal nambah (nikmat) kanggo sira, lan menawa sira ora ngrumangsani (nikamt-nikmatKu), mangka satemene bebendu-Ku banget nggegirisi." (Q.S Ibrohim : 7)



Kanthi menika, kula lan panjenengan sedaya, tansah dipun-enget-aken dening Allah, supados tansah kersa syukur tuwin matur nuwun. Lan insya Allah tasih kathah sanget perkawis-perkawis ingkang prelu dipun-syukuri, mliginipun ing badan kula panjenengan piyambak, saha ing sakiwa-tengen kula lan panjenengan.

Allah paring dhawuh :




"Elinga marang Aku, mangka Aku mesthi bakal eling marang sira. Lan padha syukur-o marang Aku, lan aja pisan-pisan sira ora ngakoni marang nikmat-nikmatKu." (Q.S. Al Baqoroh : 125)



Para jama'ah ingkang binektenan

Syukur awit nikmat-nikmatipun Allah punika saget katindakaken kanthi cara :

1. Ndada (ngakoni) wonten ing manah;

2. Mungelaken raos syukur ing lisan, kanthi atur "alhamdulillah"; lan

3. Ngginakaken nikmat kalawau, jumbuh kaliyan dhawuh lan pikajengipun ingkang Maha Paring Nikmat.

Tiga-tiganipun kedah katindakaken sedaya kanthi saestu. Mboten kawastanan syukur, menawi hanggenipun mbuktekaken namung winates ing lisan kemawon. Menawi kula lan panjenengan sedaya syukur awit tirah-ipun bandha, nanging mboten kersa paring sedakah, temtu kemawon syukur ingkang ka-ucapaken namung lelamisan, punapa malih menawi ngaku syukur, nanging tansah sambat/nggrundel.

Pramila menawi saben-saben pribadhi sampun kersa sami syukur, temtu masyarakat kula panjenengan badhe dados ayem tentrem saha tansah pikantuk rohmat lan berkahing Allah SWT.

بَارَكَ الله ُلِى وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَذِكْرِاْلحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ الله ُمِنَا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمِ

0 komentar:

Posting Komentar

tes

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More