Minggu, 21 November 2010

ISTIGHFAR LAN TAUBAT, KUNCINIPUN RIZKI LAN KABERKAHAN

Dening : Muhammad Isnaeni

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَّلذِي نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ اَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ اَعْمَلِنَا مَنْ يَهْدِاللهُ فَلاَمُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ وَلِيًّا مُرْشِدًا. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ لاَ نَبِيَّ وَلاَ رَسُولَ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَاِركْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى َالِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاءِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الّدِيْنِ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ اُوصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن

Ma'asyirol Muslimin wa Zumrotal Mukminin rahimakumullah

Wonten ing mimbar jum'ah siang punika, kaparengna kula ngandhani awak kula piyambak, saha ngaturi pepemut dhumateng panjenengan sedaya, sumangga tansah sami syukur dhumateng Allah. Inggih awit sedaya ingkang kula lan panjenengan raosaken menika, sejatosipun namung peperingipun Allah. Lan sumangga tansah ningkataken kualitas iman tuwin takwa, inggih awit namung iman lan takwa menika sak sae-sae-nipun sangu kangge ngadhepi dinten kiamat benjang.

Para Jama'ah ingkang tansah winantu ing rahmating Allah.

Nyambut damel kangge ngupadi rizki pancen asring nelasaken wekdal. Pramila wonten saperangan kaum muslimin ingkang nggadahi pemanggih, bilih menawi priyantun menika samsaya kenceng hanggenipun gegondhelan kaliyan Islam, mila badhe saget ngirangi rizkinipun. Malah kepara wonten malih ingkang hanggadhahi pemanggih, menawi kepingin gampil pados rizki lan kemapanan ekonomi, mila kedah nilar paugeran-paugeraning Islam, mliginipun babagan hukum halal lan haram.

Priyantun ingkang kados menika wau supe utawi namung ethok-ethok lali, bilih Allah menika paring syari'at mligi namung kangge perkawis akhirat kemawon. Kamangka Allah SWT paring syari'at utawi paugeran-paugeran agami punika, ugi supados manungsa saget nggayuh kabegjan lan kamulyan wonten ing donya

Kados dene pangandikanipun Anas Radhiallahu 'anhu ingkang kariwayataken dening Imam Bukhari :

كَانَ أَكْثَرُ دُعَاءِ النَّبِيِّ : رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

"Satemene donga kang asring kaucapake dening Nabi yaiku , 'Dhuh Pangeran kawula, mugia Paduka kersa paring dhumateng kawula, kesaenan wonten ing donya saha ing akhirat, lan mugia Paduka kersa nebihaken kawula saking siksa neraka."

Ma'asyirol Muslimin a’azza kumullah

Allah lan Rosulipun sampun paring pitedah dhumateng kawulanipun nalikanipun badhe nyambut damel utawi ngupadi rizki. Pramila, menawi kaum muslimin kersa nyadari lan nglampahi pitedahipun, mangka Allah badhe paring gampil henggenipun pados rizki saking arah pundi kemawon, lan Allah ugi badhe paring kaberkahan saking langit lan bumi. Pramila, wonten ing wekdal khutbah menika, kaparengna badhe katerangaken sabab-sababipun sedaya kalawau, inggih supados pemahaman kula lan panjenengan sedaya mboten klentu nalikanipun badhe ngupadi rizkinipun Allah SWT.

Salah satunggaling sabab ingkang baku, rizki saget tumurun inggih menika istighfar (nyuwun pangapuntun) lan taubat. Kados pangandikanipun Nabi Nuh as dhumateng kaumipun :




"Banjur aku dhawuh, "Padha nyuwuna pangapura marang PangeranMu, Satemene Panjenengane (Allah) iku Maha Paring Pangapura. Awit Panjenengane (Allah) kuwasa ngirimake udan kang deres banget, kuwasa nambahi bandha donyamu lan anak-anakmu, saha kuwasa ndadekake pekarangan kang mili bengawan." (Q.S. Nuh : 4)

Ingkang kasebat istighfar lan taubat wonten ing ngriki, mboten namung sekedar wonten ing lisan kemawon, ingkang mboten ngantos konjem wonten ing manah, saha ingkang mboten wonten pengaruhipun wonten ing tumindak padintenan. Ananging ingkang kasebat istighfar , kados dene ingkang katerangaken dening Imam Ar-Raghib Al Asfahani, inggih menika : "nyuwun pangapunten kanthi sarana ucapan lan tindakan saha mboten namung winates ing lesan kemawon."

Dene ingkang kasebat taubat inggih manika :

1. nilaraken sedaya dosa lan tumindak maksiyat,

2. rumaos getun awit dosa ingkang sampun katindakaken,

3. mboten mangsuli tumindak dosa malih, saha

4. asring nindakaken kesaenan kangge nglintoni tumindak dosa ingkang sampun katindakaken.

Sekawan syarat menika mutlak, pramila dereng kasebat takwa menawi tasih wonten syarat ingkang dereng dipuntindakaken. Menawi taubat-ipun menika wonten kaitanipun kaliyan hak-hak kamanungsan, sekawan syarat ing ngajeng katambah setunggal, inggih menika kedah mbebasakan dhiri saking hak tiyang sanes. Menawi menika arupi bandha utawi arta, mila kedah enggal kawangsulaken lan menawi arupi had (hukuman), pramila kedah ngaturi kesempatan kangge tiyang kala wau males, dene menawi arupi ghibah (ngrasani), mila kedah enggal nyuwun pangapunten.

Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah

Al Hafidz Ibnu Katsir wonten ing tafsiripun ngendika : "Makna Q.S Nuh ayat 10-12 yaiku, menawa sira padha taubat marang Allah, nyuwun pangapura marang Panjenengane, mangka Allah bakal nambahi rizki marang sira. Panjenengane (Allah) bakal nurunake banyu udan sarta kaberkahan saka langit, ngetokake kanggo sira kaberkahan saka bumi, nuwuhake tetanduran, nambahi bandha donya lan keturunan, ndadekake pekarangan padha tuwuh woh-wohan kang akeh sarta ndadekake kali-kali padha mili kanggo sira kabeh nalika padha arep nenandur.

Imam Al Qurtubi nyebataken saking Ibnu Shabih, bilih nate wonten salah satunggaling priyantun jaler sambat kalian Al Hasan Al Bashri awit gersangipun bumi saha kathahipun siti ingkang sami nela. Lajeng Al Hasan Al Bashri ngendika kaliyan tiyang kala wau, "Enggal njaluka pangapura marang Allah". Wonten malih ingkang sambat awit saking miskin lan fakiripun, lajeng piyambakipun ngendika, "Enggal njaluka pangapura marang Allah." Wonten malih ingkang sowan dhateng Hasan Bashri supados dipun dongaken enggal pinaringan putra, jawabipun sami, "nyuwuna pangapura marang Allah.". Lan nalikanipun wonten priyantun ingkang sambat awit gagal panen, jawabipun ugi sami, "Istighfar-a marang Allah."

Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah ...

Wonten ing Q.S Hud ayat 52, ugi kasejarahaken seruanipun Nabu Hud as dhateng kaumipun supados sami istighfar marang Allah.



"Lan (Hud paring dhawuh), "Hai kaumku, njaluka pangapura marang Pangeranmu banjur enggal tobat-a marang Panjenengane, mangka Allah bakal nurunake udan kang deres saha nambahi kekuatan kanggo sira. Lan aja pisan-pisan sliramu mbaleni tumindak dosa."

Dening Ibnu Katsir ayat kasebat dipuntafsiraken, bilih menawi kula lan panjenengan sedaya kersa istighfar lan taubat dhumateng Allah, pramila Allah badhe paring gampil hanggenipun pados rizki, paring kelancaran hanggenipun ngadhepi sedaya urusan, saha tansah njagi pribadi kula lan panjenengan sedaya."

Wonten ing Q.S Hud ayat 3, katerangaken :



"Lan padha njaluka pangapura lan taubat marang Pangeranmu, (mula menawa sira padha gelem nglakoni), mangka Allah bakal paring kanikmatan kang apik saha terus-menerus marang sira nganti tekane wektu kang wus ditemtokake. Lan Panjenengane (Allah) bakal paring piwales marang wong kang padha duwe kautamaan. Ananging menawa sira pada mlengos marang Allah, mangka satemene aku wedi marang siksane kang banget nggegirisi ana ing dina kiamat."

Hanggenipun nafsiraken ayat menika, Imam Al Qurthubi paring piwucal, "Wohing istighfar lan taubat yaiku Allah bakal paring kanikmatan kanthi pirang-pirang manfaat, kang arupa longgare rizki lan makmuring urip. Saha Allah ora bakal paring siksa marang wong kang gelem istghfar lan taubat."

Ma'asyirol Muslimin A’azza kumullah

Wonten ing salah satunggaling hadits, Rosul nate paring pangandika :

مَنْ أَكْثَرَ اْلاِسْتِغْفَارَ جَعَلَ اللهُ مِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجًا وَمِنْ كُلِّ ضِيْقٍ مَخْرَجًا وَرَزَقَهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ.

"Sing sapa wonge padha gelem ngokeh-ngokehake istighfar, mangka Allah bakal paring solusi (jalan keluar) nalika rupek lan susah, lan Allah bakal paring rizki (kang halal) saka arah ngendi wae kang ora dinyana-nyana."

Awit saking punika, menawi kula lan panjenengan sedaya ngersakaken rizki ingkang kathah lan barokah, pramila kedah asring ngathah-ngathahaken istighfar. Inggih menika istighfar ingkang mboten namung winates lisan kemawon, awit menawi kados makaten menika sami kemawon ngapusi (goroh)

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.



0 komentar:

Posting Komentar

tes

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More